KI HAJAR DEWANTARA
Ki Hajar Dewantara
miyos ing Jogjakarta tanggal 2 Mei 1889, kagungan asma ash RM SUwardi
Suryaningrat. Panjenengane miyos ing lingkungan kulawarga bangsawan saka Kraton
Ngayogyakarta Ki Hajar Dewantara kepingin bisa srawung lan cedhak karo kawula
bik, mula gelar kebangsawanane ora diagem lan ganti asma dadi Ki Hajar
Dewantara
Sawise ngrampungake
pendhidhikan dhasar Ki Hajar Dewantara nerusake pasinaon menyang STOVIA nanging
ora nganti tamat, jalaran nandhang gerah Sabanjure panjenengane nyambut gawe dadi
wartawan, yaiku ing layang kabar De Express, Utusan Hindia lan Kaum Muda. Liwat
tulisan-tulisane mau Ki Hajar Dewantara ngobarake esmangat anti kolonialisme.
Ki Hajar Dewantara
uga aktif ing jagading politik, ing antarane ing organisasi Budi Utomo,
Indische Partij lan Komite Putera. Nalika tulisane "seandainya aku seorang
Belanda ngemot sindhiran marang pamarentah Walanda, ndadekake Walanda muntap.
Akibate Ki Hajar Dewantara oleh ukuman dibuwang menyang negara Walanda.
Ing negara Walanda Ki
Hajar Dewantara nyinaoni pendhidhdikan lan pengajaran Bareng kondur menyang
tanah air Ki Hajar Dewantara munjerake perjuwangane ing babagan pendhdihdhikan.
Panjenengane ngedegake Perguruan Taman Siswa ing tanggal 3 Juli 1922 Para siswa
digladhi supaya duwe rasa kebangsaan nganggo sesanti "Ing ngarsa sung
tuladha ing madya mangun karsa, tut wuri handayani".
Ki Hajar Dewantara
kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun
1959 pamarentah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara lan
tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minang Dina Pendidikan
Nasional. Sesanti tut wuri handayani nganti saiki dadi lambange Kementerian
Pendidikan dan Kebudayaan.
